1. Pong-pong bolong
Pong-pong bolong
Nde merang ra nde sapi
Mecaho ndhoge siji.
Pyar.
2. Dandang Pukul
Dandang pukul ketemu pukul
Kapat mojo; Kalimo jedul
Mbang gedhang pupuse abang: sing keri mesti gangsang
3. Kar-ker
Kar-ker kar-ker
Kadelit-delit jenang
Kasidin kosdin, babahe loyang-loyang
Sing tak bedhik sing gangsang.
4. Wit-iwit anggang-anggang
Wit-iwit anggang-anggang
Terusane lali….
5. Koko-koko
Koko-koko:
Njaluk opo: Njaluk banyu
Wadhahi opo: Godhong lumbu
Gegatelen: Atakulu
Tambane opo: Gulo batu
Njupuk ngendi: Cepagamu
Ancik-ancike opo: Watu item
Gantole opo: Carang gemantung..
Pelik-pelik mburimu opo: Anak-ku
Piro: Ngteung: siji, loro…..lst
Njaluk siji entuk ora?: Ora
Tak rebut….: Woa…….
7. Uri-uri
Uri-uri-uri-uri ambyang-ambyang widodari
Mak jleret kembange opo: kembang opo?
Kemabng reguluk…..
Kembang reguluk-kembang reguluk sing tak pilih sing nggumuk…..!
8. Dung-dung ono maling
Dung-dung; ono maling-ono maling
Endi, endi?; kae-kae
cegat kene, cegat kene….
8. Enthik-enthik
Enthik-enthik, si tumungkul patenono
Gek dosane opo?
Dosane ngungkul-ungkuli
Di ojo di, malati sedulur tuwo…
9. …kuntheten.
….kuntheten, ayo ten
Tendangono, ayo no
Nogosari, ayo ri
Rino wengi, ayo ngi
Ngidul ngetan, ayo tan
Tanggal siji, ayo ji
Jimantolo, ayo lo
Lobak-lobis, ayo bis
Bistorojo, ayo jo
Joko bagus, ayo gus
Gusti kulo, ayo lo
Lombok abang, ayo bang
Bange ciro, ayo ro
Ro….lali!
Los Banos, 31 Oct 2011 (Lagi kelingan jaman isih bayi)